Rabu, 10 Februari 2016

Arti tekamu

Ing petenge arah lan langkahku iki
Panjenengan menehi sumunar cahya
Panjenengan madhangi lurung lurung kang buntu
Liwat sorotan cahya
Kang metu saka swara lan tuturmu

Ing kelas kang ayem tentrem iki
Aku nangkep arti panguripan 
Marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken
Panjenengan kang nemtokake nasib bangsa paduka
Mujudake generasi emas bangsa

Saben dina panjenengan nindakake kegiyatan mulya iki
Rasa sabar uga rasa ikhlas ndampingi saben dina
Sakabehe ing donya ora bisa mbales jasamu
Yaiku jasamu kang iso nggawe bintang
Ing pepeteng.....
                              
Kita ora bisa ngganti jasamu karo opo bae
Nanging,kita bakal nggawe panjenengan bangga
Matur nuwun sanget guru ingkang kula tresnani
Tanpa panjenengan bakal peteng...
Lan panjenengan urip dadi miguna bagi nusa lan bangsa